By Published On: April 1st, 20190 Comments

Sing jenenge sekolah ora mung sekedar sinau nang kelas ngrungokna guru ceramah lan nggarapi tugas sing diwei nang gurune. Biasane, sekolah uga nyediakna wadah nggo ngembangna bakat-bakate murid-murid. Ora beda karo nang SMK Telkom Purwokerto.

SMK Telkom Purwokerto kue sekolahan sing bener-bener peduline pol nggo ngembangna bakat-bakate murid sing mengkone dilebokna maring kategori elstrakurikuler. Salah sijine ekstrakurikuler sing keren, akeh manfangat nggo tambah ilmu karo ketrampilan, lan akeh diminati siswa kue ya ekstrakurikuler Computer Club. Ekstrakurikuler sing intine ndalemi ilmu komputer. Ana patang divisi nang ekstrakurikuker kue: Desain Grafis, Web Design, Networking, lan Animasi. Masing-masing didampingi lan dibimbing nang guru-guru sing ditugasi. Desain Grafis nang Pak Krisma Dwi, Web Desain nang Pak Agus Indra, Networking nang Pak Putra Ulama, lan Animasi nang Bu Iis Yuliani.

Seliane nggo ngembangna bakat, ekstrakurikuler Stematel Computer Club tujuane nggo nyiapna ngadepi lomba-lomba. Dadine, ekstrakurikulere bener-bener dilaksanakna karo terpadu. Mulane nek pas ana lomba babagan ilmu komputer, SMK Telkom Purwokerto ora tau absen dadi juara. Juara tingkat kabupaten, propinsi, utawa nasional. Dadi, bener-bener wis siap banget nek ngadepi lomba.

Ekstrakurikuler Stematel Computer Club nang SMK Telkom Purwokerto uga ora tau sepi peminat, kang taun maring taun, kang generasi maring generasi selanjute. Murid-murid pada antusias banget lan rela ngorbanna wektu dolanane nggo meluni belajar tambahan bar rampung sekolah sesue karo divisine masing-masing.

Winginane pas dina Rebo (20/03), nang ruang A 23 SMK Telkom Purwokerto, ana acara taunan sing jenenge reorganisasi kepengurusan ektrakurikuler Computer Club. Acara sing dimeluni nang jajaran lan pengurus ekstrakurikuler Computer kue, mlaku lancar langka alangan awit jam 15.30 tekan jam 17.00 nan.

Acara semacam kue, kena nggo bukti bahwa ekstrakurikuler komputer nang SMK Telkom Purwokerto ora mati lan sing jelas akeh murid-murid sing semangat nggo nglanjutna generasi-generasi pengurus lan anggota ektrakurikuler komputer utawa Computer Club sing bakal lulus kang SMK Telkom Purwokerto.

Guru-guru sing mbimbing juga semangat banged gone ndampingi lan terus aweh motivasi maring generasi-generasi sing bakal nggantikna bocah kelas 12, yakue kelas 10 karo kelas 11 men ektrakurikuler tetep urip, bener-bener urip, lan akeh peminate. Sing jelas lewat esktrakurikuler komputer kue mau, insyaallah mengkone bisa nyetak murid-murid sing bisa lan cepet mahir nang bidang komputer lan tentune lewih bisa ngregani wektu.

Leave A Comment

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.