By Published On: Maret 18th, 20190 Comments

Ngomongna motivasi mestine ana hubungane karo omongan sing meyakinkan lan menggerakkan atine wong-wong. Kepriwe carane ngomong sing meyakinkan kue mestine butuh latihan karo butuh sinau sing temenan.

Pertamane, sinau kepriwe carane ngomong nganggo basa sing apik lan tertata, lewihe kudu ngerti ukara-ukara sing bener-bener bisa nyentuh ati karo gawe semangat wong-wong sing diajak ngomong. Apa maning wong-wong sing profesine kue guru, sing meh unggal dina ketemu murid-muride.

Kepriwe carane nang kono guru kudu bener-bener teyeng aweh motivasi sing meyakinkan lan akeh manfangate maring murid-murid men pada semangat sekolah, ora nglentruk nek ana masalah, lan bisa bener-bener peduli maring masa depane masing-masing. Men mengkone apik nggo awake dewek, keluarga, lan tentune masa depane bangsa Indonesia.

Sekirane, ukara-ukara miki kue garis besar tentang babagan Kepriwe Carane Ngomong sing Apik lan Memotivasi sing disampekna Pak Jumala, selaku Kepala Sekolah SMK Telkom Purwokerto, pas dina Rebo, (27/2).

Acara sing penuh manfangat kue diselenggarakna nang ruang A21 SMK Telkom Purwokerto lan dihadiri nang jajaran guru, staff, pengurus, SMK Telkom Purwokerto. Acarane berlangsung sekitar siji setengah jam. Kabehan pada ndilek lan antusias ngrungokna apa sing disampekna nang Pak Jumala.

Kang acara semacam kue, Pak Jumala nduwe harapan semoga guru-guru, para staf, lan pengurus bisa nduwe kemampuan public speaking sing apik lan meyakinkan (audience), selalu semangat urip, semangat dadi motivator, lan tentune ora kelalen maring sing gawe urip.(ES/JM)

Leave A Comment

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.